Sekali-kali nggawe boso Jowo
May 31st, 2010 | By Lutvi Avandi | Category: JahilAku lahir nang Suroboyo, lahir procot ibuku wes nggawe boso jowo. Konco-konco yo nggawe boso jowo kabeh. Masio boso Suroboyoan iku gak patek jowo temen, tapi iki yo boso rek. Tapi pancen aneh, lek nulis kok yo otomatis moro-moro nggawe boso Indonesia. Padahal lho lek ngomong biasa yo nggawe boso jowo.
Boso jowo akeh maceme, ono ngoko karo kromo. Ngoko ae ono tingkatan-tingkatane. Ono ngoko alus, ngoko madya, ngoko andap. Kromo yo ono tingkatane. Ono kromo alus, kromo madya, lan liyan-liyane.
Sak jane ono blogger sing konsisten nggawe boso jowo nang artikele. Tapi yo ngono sing ngerti lak mung sitik tah. WordPress versi jowo yo wis ono.

Wong Suroboyo
Mumpung saiki iki ulang tahun kuto Suroboyo, yo nulis blog kudu nggawe boso Suroboyoan cak. Sing gak ngerti yo wis, pokoke lak nulis tah. Timbangane ngaku-ngaku wong jowo tapi gak tahu nulis jowo. Masio biyen pelajaran boso jawi entuk enem terus, gak popo. Sing penting pede ae. Bah, cuampur aduk gak karuan karo boso Indonesia ambek bosone wong londo sikat ae. Suroboyo ngono loh. Suro iku wani, Boyo itu utang… hehehe.. Lha lek utang ae wani, lapo nulis gak wani.
Hayoo, ate ngomong opo maneh iki. Lek gak biasa nulis jowo yo ngene iki. Durung mari wis mumet.. hehehe…
Oh iyo, terakhir njaluk sepuro karo sampeyan-sampeyan sing ra mudeng boso jowo. Lek gak ngerti iso-iso dikiro boso planet.. hahaha.. Masio nggawe google translate paling yo bingung mbah google-le. Lha ancur ngene bahasa-ne. Iso-iso hang komputere.. hehehe..
Ayo, konco-konco blogger, kapan-kapan ketemu maneh. Aku koyoke akeh rencana iki gawe nggedhekno blogger Surabaya. Wis masio sampeyan nang Sidoarjo yo anggep ae wong Suroboyo wong kerjone, sekolahe yo nang Suroboyo kok. Tak enteni kabare cak Arief, cak Agus lan cak Udin (iki wong Sidoarjo kabeh sak jane.. hehehe)

Suwun cak lutvi, wis nyenggol jenengku.
Aku awal nge-blog wis due pikiran ape gabung nek komunitas blogger jatim be’e onok utowo suroboyo. Cuma urung oleh impo babar blas.
Lha iki sampean ape gawe perkumpulan ngono, jelas wis, aku ndukung puolll cak.
Ayo kopdar mane karo konco2 kabeh nek Royal utowo nek endi ae terserah, gae ngrembugno krenteg sampean iku.
Aku yo wis tau gae artikel boso jowo, lek gak salah 3 wulan kepungkur. Wektu iku cak Agus yo sempat komentar nek kunu.
Tak tunggu kabare cak..
Biasa..di umumno nek twitter opo pesbuk ae. .dadi konco2 kabeh sing nek wilayah suroboyo lan sekitare iso weruh cak.
Yo wis sak mene ae komengku. Mengko kedawan tambah ngelu olehe moco sing gak ngerti bosoe awake dewe.
Tariiik cak. . .ter ter ter. Wkwjwkwkwkwkwk
he he…..
ngguyu tur rodhok lucu karo mesam mesem wektu nulis nganggo boso jowo iki …
aku arep mraktekke boso jowo suroboayoan cak..
gak kroso wis pitung tahun golek rejekine Alloh nang kutho pahlawan iki.
usul mas lutvi, sepisan pisan di enekno lomba seo boso jowo po’o ?
kanggo nyemangati boso jowo ojok sampe ilang
biasa ln isoh ngomong tapi nek nulis kok yo bingung
sepurone sih akeh cak, iki boso suroboyane cuma krungu soko konco2.,, gak ngeti bener opo gak …
dadi kelingan pisanan nyang suroboyo..saben ketemu uwong di jak ngomong kromo alus malah podho bingung ha….
akhire melok melok ae..boso suroboyo..wong yo wis dadi wong kene ..
semene ae cak …latihan boso jowo malah nglantur gak karuan…
aku ping pindho iki nemoni artikel gawe boso jowo
sing pisanan nggone mas udin hamd
masiyo sakbendhino ngomong boso jowo
adakno yo angel nulis gawe boso jowo
nulis komen iki ae nggreweli wkkwkkwkk
Angel Rek, arep nulis komeng boso jowo kok kagol. Mikire nganggo jowo, kok arep nulis ae angele pol. Yo ues, komengku ngene ae, timbangane ora ono komenge. Kudu latihan terus, ben iso selaras pikiran karo kibor.
Ancem gampangan ngomong jowo timbangane nulis jowo. Opomaneh nggawe aksoro jowo tambah mumet
Wakaka,.
Aku wong Yojo (Jogja) Ning kancaku akeh sing jawa timuran. Senengane mesuh nek ra Jam#ut yo Jan#uk. Aku rung tau neg Ssroboyo, Pengen sih sesuk ae kapan-kapan.
monggo diprakarsai. Kulo manut ae. Tapi lek wes mari ujian kuliahan. Otreee… *mbuh bener ta ga iki bosone*
Dianggep ae bener. Podo-podo gak eruhe.. wakakakak
Haha..mantep kabeh cak, boso suroboyoane. Tapi la lapo mas Arief ndadak nggawe “kulo2″ sgala, gak usum cak nang suroboyo nggawe ngono iku. Lak ngono tah, cak Lutfi? Hehe..
Oiyo..sampek lali, Selamet Ulang Tahun ae kanggo kuto tercintaku. Mugo2 tambah apik, tmbh bersih, howone tambah adem, gak macet, karo gak banjir meneh. Amin..
Kanggo konco2 suroboyo sak skitare, mugo2 tambah kompak ae…
Suwun cak Lutfi.
Iyo, lali aku lek onok blogger Suroboyo situk maneh
waduh wingi tak bukak kok gak isok yo mas, iki sik tas isok…yo ayo dilestarekno boso Jowo…arep Kopdar maneh tah…nang omahku ae wes gak opo opo…piye?
Sakno sing omahe Sidoarjo mas
Ga jauh kok mas,Wiguna aja kok, biar aku jg banyak rejeki…banyak tamu banyak rejeki kan katanya gitu…xixixi
lha nek ngundhang mak bongky aku gelem teko mas. hehehe…
Nyoba kaskus emoticon
Sanajan aku dudu wong suroboyo tp aku yo wong jowo, tepate ning solo jawa tengah. hehehe
kapan nulis boso jowo meneh kang lutvi?
cak lutvi wong jowo to tibakno..
wokwokow
lho cak, sampeyan kok malah pethangkringan nang ngarepe bonbin iku lapo? njogo parkir tah? hahaha…
Ngawur ae, gak jogo parkir iku. Tapi dodol karcis wkwkwk
Waduh, walaupun orang tua asli Jawa Timur - Trenggalek. Tapi saya malah fasiih bahasa Banjar dan sekarang di Malang malah makin fasih bahasa Banjarnya. Hehehe
Tapi, sedikit-sedikit ngerti koq mas. Kalau untuk nulis bahasa Suroboyo-an. Hehe .. Ampun
boso ngene iki ngelingake sik jaman di jawa timur…
sik sering kumpul karo uwong jowo pak, lek saiki wis lali…iso ngomong jowo tapi saiki kok yo uangel e..bendinone ngomonge nganggo boso sundo..malah raiso pisan ha ha haha
tapi salut e pak..jadi nostalgila lagi
oya pak mosok suro iku wani boyo iku utang? wah lagi ae ngerti iki
bukane boyo kui buaya? ha hahaha mboh tapi..
Asline yo suro iku wani, boyo iku beboyo. Dadi wani marang beboyo. Tapi nyatane saiki arek Suroboyo gak patek koyok biyen.. hehehe.. Lek utang ae wani opo maneh arek kos-kosan.. wkwkwk
ha ha ha ngerti ae pak lutvi…bukan arek suroboyo tok paling sing wani ngutang..ha haha
jadi malu
Waduh..,waduh..yo kok apik yo posting gawe bohoso jowo..,iso ngguyu-ngguyu dewe,hihihi..,manteb cak lutvi..,ngaturaken sembah nuwun kagem tulisanipun..
Sami-sami
boso ngene iki ngelingake sik jaman di jawa timur…
sik sering kumpul karo uwong jowo pak, lek saiki wis lali…iso ngomong jowo tapi saiki kok yo uangel e..bendinone ngomonge nganggo boso sundo..malah raiso pisan ha ha haha
tapi salut e pak..jadi nostalgila lagi
oya pak mosok suro iku wani boyo iku utang? wah lagi ae ngerti iki
bukane boyo kui buaya? ha hahaha mboh tapi..
nuwun sewu mas. mampir maca lan ninggalke tulisan ning kene. wah enak tenan nulis karo tulisan jawa. wis suwi aku gak ngomong jawa.
nek aku wong pemalang gan
wah apik tenan boso jowone…..
aku yo wong jowo ki…
Salam kenalan kabeh yo….
masio jenengku ambune wong mbali, tapi aku lahir mbrojol nang suroboyo, artine aku wuasli arek suroboyo.
Nek pingin cekakan gak mari-mari, nggolek’o nang mbah goggle ‘kata kunci’ humor suroboyoan…. dijamin
awakmu moco karo cekaka’an sampek mbrebes mili… saking lucune… ketemu karo bunali, broedin lan konco liane…
radio suzana jik ono ora yo….
gak tahu ngerungokno radio cak
waw, keliatannya g da da orang luar nih. Iya mas, sekarang wordpress uda tersedia dalam bahasa jawa. Sejarahnya gimana mas?
Waduh.. dulu pelajaran sejarah dapat 5 gan. Gak ngerti kalau urusan gitu2